Selamat Datang di Blog ERIKJON HALOMOAN SITANGGANG

Thursday, July 5, 2012

Doa Bapa Kami Dalam Bahasa Jawa

Bahasa Jawa

Kanjeng Rama ing swarga
mugi asma Dalem kaluhurna
kraton Dalem kawiyarna
ing donya inggih kalampahana
karsa Dalem kados ing swargi
abdi dalem sami nyadhong paring Dalem rejeki ing sapunika
sakathahing lepat nyuwun pangapunten Dalem
déné kawula inggih ngapunten dhateng sesami
abdi dalem nyuwun lepat saking panggodha
saha tinebihna saking piawon
Amin.
versi lain:
Rama kawula ing swarga
Asma Dalem kaluhurna
Karaton Dalem mugi rawuha
Karsa Dalem kalampahana
wonten ing donya kados ing swarga
kawula nyuwun rejeki kangge sapunika
sakathahing lepat nyuwun pangapunten dalem
kados dene anggen kawula ugi ngapunten dhateng sesami
kawula nyuwun tinebihna saking panggodha
saha linuwarna saking piawon
Amin.
versi lain:
Dhuh, Rama kawula ingkang wonten ing swarga,
Asma Paduka mugi kasucèkaken.
Kraton Paduka mugi rawuh.
Karsa Paduka mugi kalampahan
wonten ing bumi kadosdéné wonten ing swarga.
Kawula mugi kaparingan rejeki kawula
sacekapipun ing dinten punika.
Saha Paduka mugi ngaputen kalepatan kawula,
kadosdéné kawula inggih ngapunteni tetiyang ingkang kalepatan dhateng kawula.
Punapa déné kawula mugi sampun ngantos katandukaken dhateng panggodha,
nanging mugi sami Paduka uwalaken saking piawon.
[Awitdéné Paduka ingkang kagungan Kraton saha wisésa tuwin kamulyan ing salami-laminipun.
Amin.]
Bahasa Jawa Suriname
Duh Bapaké awaké déwé nang swarga
muga Jenengmu kasutyèkna.
Muga kratonmu tumekaa
lan kekarepanmu klakonana
ing donya kayadéné nang swarga.
Nyuwun sandang-pangan saben dina
lan pangapura sangka ing dosa
awit awaké déwé ya ngapura
dosané wong liya.
Nyuwun aja sampèk kenèng goda
nanging luwarana sangka ala.
 
Sumber

3 comments:

Unknown said...

Thanks man

Unknown said...

Pendapatku,doa ini tidak perlu direvisi seperti yg dilakukan Paus saat ini.

Anonymous said...

Orang jawa lebih mnyentuh hati pakai bahasanya sendiri.

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...
Doa Bapa Kami Dalam Bahasa Jawa - Jhon.Com Doa Bapa Kami Dalam Bahasa Jawa - Jhon.Com